Cerpen Bahasa Using "GARUS"
GARUS Sakat subuh wis entek wektune, rantag serngengene. Bik Asiyah kaya megawe nana putuse. Dagangane mula sak anane janganan. Ana godhong kelor, kelenthang diuntingi telu-telu, gundha, kangkung, bayem, ontong, pakis kalibaru, lan sepiturute. “Pakis kalibaru iku mula bida, enom-enom. Ibarate mageh enom gelungan, kadung hang wis tuwek kaya rambut rewegan. Iki we shun pilihaken hang apik-apik,” abane bek asiyah. Tangane kaya nana mandhege, ngelebokaken dagangan hang payu nong jero tas kresek, nampa picis, nyusuki. Picise dilebokaken yang tas kembangan hang diselempangaken nong awake. “Piraan iki pakise, Bik,” pitakone hangtuku. Bik Asiyah kaya tau rungu suwarane, taping magih durung negeri temenan. Kaya anake Bik Indun hang umahe nong wetane langgare Man Sapi’I Lateng. “Iki Dhik Uwang, tah?” takone Bik Asiyah. “Nggih, Bik.” “Heh, jare Hun sapa yak. Tepak mulih tah kelendi?” Bik Asiyah weruh gok Dhik Uwang milu rabine megawe nong Surabaya. “Nggih Bik, mulih meriki sa...