Cerpen Bahasa Using "GARUS"
GARUS
Sakat
subuh wis entek wektune, rantag serngengene. Bik Asiyah kaya megawe nana
putuse. Dagangane mula sak anane janganan. Ana godhong kelor, kelenthang diuntingi
telu-telu, gundha, kangkung, bayem, ontong, pakis kalibaru, lan sepiturute.
“Pakis
kalibaru iku mula bida, enom-enom. Ibarate mageh enom gelungan, kadung hang wis
tuwek kaya rambut rewegan. Iki we shun pilihaken hang apik-apik,” abane bek
asiyah. Tangane kaya nana mandhege, ngelebokaken dagangan hang payu nong jero
tas kresek, nampa picis, nyusuki. Picise dilebokaken yang tas kembangan hang diselempangaken
nong awake.
“Piraan
iki pakise, Bik,” pitakone hangtuku.
Bik Asiyah
kaya tau rungu suwarane, taping magih durung negeri temenan. Kaya anake Bik
Indun hang umahe nong wetane langgare Man Sapi’I Lateng.
“Iki
Dhik Uwang, tah?” takone Bik Asiyah.
“Nggih,
Bik.”
“Heh,
jare Hun sapa yak. Tepak mulih tah kelendi?” Bik Asiyah weruh gok Dhik Uwang
milu rabine megawe nong Surabaya.
“Nggih
Bik, mulih meriki sakteruse empun.
“Lah…….Apuwa?”
“Rabinkula
sampek umur. Timbang nong umahe tiang mboten enten pendamelan, kalih Apak
dikengken wangsul.”
“innalillahi…………wis
suwi tah?”
“Buru
mawon nggih. Enten nawi sak ulan.”
“Anake
pira saiki?”
“Kalih,
magih sekolah SD sedaya.”
Enake
pasar tradisional ya gedigi iki. Liyane ana adol lan tuku, ana pisan gesahan
macem-macem kahanan hang nggarai pasar iki urip. Kadhung nong supermarket hing
kira hang dodol takon kabar anake hang tuku.
Mara-mara
Bik asiyah nungkuli Dhik Uwang. Kaya gupuh dhewek ngeladeni wong tuku hang
nganggo bonel abang. Wonge tuku Lombok langkir, ambi bayem. Kabeh petangewu
limangatus. Picise limangewu wis disuski limangatus.
Dhik
Uwang kaya metenggengen ditinggal Bik Asiyah ngelayani wong bonelan abang. Sakmareke
wonge lokat, Bik Asiyah mareki Dhik Uwang maning.
“Sepurane
ya Dhik. Wong iku kudu dilayani sulung. Kadhung using, ana bain hang digondhol,
dilebokaken etase. Arep nakoni hing enak, sekaken nyang uwonge, arep hing di
takoni kari katon mata. Dadi saiki, isun weruh wis. Saben iyane teka, hun
layani sulung mekene hing kakehan hang dilebokaken etasa.”
“Dhuh
Gusti,” batine Dhik Uwang. Sepuntene hang gedhi. Mugi-mugi diedoheken kula
kalih larangan Ndika. Aja sampek, kula, anak putukula dadi uwang-uwong hang
ngadohi dalan lurus hang empun Ndika duduhaken.
Sakjene
ditinggal rabine mujur ngalor sulungan, Dhik Uwang uripe rada susah.rabine mung
pegawe partikelir hang seng duwe pensiunan kadung sampek umur. Umahe ya mung
ngontrak ulanan. Dadi marek kesripahan, iyane diceluk apake balik maning nong
Banyuwangi. Kelendi-kelendi ya, urip ambi apak emake rada ngurangi kesusahan
uripe. Panggonan hing kathik mbayar, kebutuhan saben dinane lebih murah nong
Banyuwangi timbang nong kutha gedhi.
Tinggalane
rabine mung anak loro lan tabungan hang hing sepira akehe. Emane wong tuweke
magih ana, dadi magih ana hang mbantu. Anak-anake hang mageh cilik pindhah
sekolahe magih hing patiya sara.
Ndileng
wong bonel abang mau, Dhik Uwang atine tambah keranta-ranta. Hing ana wong nang
ndonya iki hang gelem urip nyalah nang wong liya kejaba wis kepepet temenan,
digu batine Dhik Uwang. Wong bonel abang mau meshine ya urip susah sampek
ngelakoni ngentit janganan hang sing sepira ragane. Mesthi iyane ya duwe anak
hang kudu dipakani saben dinane. Dhuh, kelendi rasane makani anak ambi
barang-barang hang hing halal. Kelendi rasane atine wong tuwek makani anake
barang hing bener. Muga-muga Gusti nduduhi dalan lan ngeweni rejeki sak cukupe
nyak wong mau.
“Isun
iki ya setemene hing paran-paran Dhik, ana wong kaya gedigu. Hing paran-paran
nguwehi rejeki masiya sithik. Isun dodolan iki ya hing golet donya bisa dienggo
tuku montor. Hang penting cukup mangan saben dinane. Lare-lere bisa sekolah,
wetenge heng kelomen. Marek wis.”
Atine
Dhik Uwang tambah seru keranta-rantane. Iluhe emeh temeblug taping aja sampek
katon Bek Asiysh , ngatokaken uripe hang susah. Cukup iyane bain hang weruh. Gusti
pengeran kabeh hang weruh kelendi-kelendine. Seben makhluke wes diweni rejeki
dhewek-dhewek. Wes ana tulise. Wis ana takerane. Kari iyane hang ihtiyar golet
dalane.
“Donya
kadhung digoleti raina lan bengi nana putuse, Dhik Uwang,” jare Bek Asiyah. Isun
marek iki jam sanga nak tutup. Nak nyiapaken mangan anak isun engko mulih teka
sekolah. Soren, belanja maning dienggo dodolan engko esuk. Gedigi iki saben
dina hun lakoni. Taping yaw is nerima hang gedhi nyang Gusti Hang Nduweni
Donya. Pira-pira iyane wes gwlwm ngeweni rejeki nong isun lan sakkeluarga, bisa
nyambung urip.”
Bik Asiyah,
kari padhang dalan rika. Masiya atase mung wong dodolan janganan nong pasar,
taping pasrahe kaya mbah nyai nong pesantren. Muga-muga pengeran ngewei rejeki
hang cukup.
Kaya
bisa maca atine Dhik Uwang, Bik Asiyah semaur,” Rejeki iku dudu mung picis hang
hun tampa iki Dhik. Pengeran ngeweni isun kesehatan, bisa dodol, bisa adang,
bisa melabot nyang umahe tangga, bisa paran bain, iku ya rejeki.”
“Nggih
Bik,’saute Dhik Uwang. “Kaya Mamah Dedeh suwi-suwi Hun rungokaken Bik Asiyah
iki.”
Bik asiyah
munyik dhewek diwarah kaya mamah dedeh. “Pantese kadhung wes melebu tipi,
wong-wong padha njaluk tekenan isun ya……hahaha.”
Garus
Bik Asiyah,” Semaure Dhik Uwang.
Komentar
Posting Komentar